Tampilkan postingan dengan label Geguritan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Geguritan. Tampilkan semua postingan

Rabu, 22 April 2009

MEI MIRIS

Wektu iku sasine mei
tanggalane madya,
lelungguhan ing lincak gapuk,
ngenteni kenyo klambi kuning,
ati tanpo rasa, pupus luluh

Wayah cedhak surup,
sliramu ora katon,
critamu sing nemtremke dak tunggu

Kowe duwe janji,
nanging mung manising lathi.
Olehmu nandur ringin ngrembaka mateni

Lumaku wayah surup,
malah murup, kobar
mbabar crita anyar

Golek slamet, nggowo milike liyan,
Ora petung olo becik,
Kabeh dadi brandal

Kuthaku ajur remuk,
atiku miris, nangis ora kuwawa.


27/07/1998

SKAK

Skak!
pion-pion manggon ana ngarep
beteng, jaran, mentri lan ster nang burine

Skak!
Pion bukak dalan
penggedhene nuthuki banjure

Skak!
Pion mlaku maju tanpo mundur
petungane mati opo urip

Skak!
Beteng nggaris tanpo winates
jaran mlayu sak karepe
Memtri miring dhewe
patihe lumaku sak karepe dhewe
ratune ndepis nang pojokan ireng

Skak!
Skak!
Skak!
Bola-bali mung skak.


September, 1996

Kebak Luh

Critaku dak pupus semene

Peteng dhedet
kahanan soyo ruwet

Si thole mringis
embuh nangis opo nyekikik
iki sing riwil
secuwil crita kang rumpil

Podho nangis, kebak luh
dadi crita ngegirisi


Jogja, 27/07/1998