Rabu, 22 April 2009

MEI MIRIS

Wektu iku sasine mei
tanggalane madya,
lelungguhan ing lincak gapuk,
ngenteni kenyo klambi kuning,
ati tanpo rasa, pupus luluh

Wayah cedhak surup,
sliramu ora katon,
critamu sing nemtremke dak tunggu

Kowe duwe janji,
nanging mung manising lathi.
Olehmu nandur ringin ngrembaka mateni

Lumaku wayah surup,
malah murup, kobar
mbabar crita anyar

Golek slamet, nggowo milike liyan,
Ora petung olo becik,
Kabeh dadi brandal

Kuthaku ajur remuk,
atiku miris, nangis ora kuwawa.


27/07/1998

Tidak ada komentar:

Posting Komentar