Rabu, 22 April 2009

SKAK

Skak!
pion-pion manggon ana ngarep
beteng, jaran, mentri lan ster nang burine

Skak!
Pion bukak dalan
penggedhene nuthuki banjure

Skak!
Pion mlaku maju tanpo mundur
petungane mati opo urip

Skak!
Beteng nggaris tanpo winates
jaran mlayu sak karepe
Memtri miring dhewe
patihe lumaku sak karepe dhewe
ratune ndepis nang pojokan ireng

Skak!
Skak!
Skak!
Bola-bali mung skak.


September, 1996

Tidak ada komentar:

Posting Komentar